Dhum dhum minuman pokak sak ndhoke nang Wonokitri Rw 05 Kelurahan Gunungsari Suroboyo ...

Siji siji warga sore ki sak marine maghrib do di dhumi ombenan pokak karo ndhok setengah mateng  seng dikek i teko Kecamatan Dukuh Pakis , di kekno nang Kelurahan Gunungsari ...
Ombenan seng jenenge pokak iki ,apik gawe kesehatan awak , soale umbenan jamu teko pirang macem jenis rempah rempah seng alami terus di olah dadi minuman anget kesehatan
Sak marine di umbe ,ramuan minuman pokak ki , apik di umbe anget anget , karo sak butir ndok setengah mateng gawe manfaat nambah kekuatan imun seng kuat ...
Umbenan pokak iki jare yoh apik gawe nolak virus korona ,di umbe mak mak yoh wuapik , arek arek.nom nom karo bapak bapak seng wes rodok.sepuh seng kerjone ngantek bengi apik gae nolak masuk.angin pastine , podo karo umbenan jahe anget ..,
Umbenan pokak iki sik oleh gawe semua usia , kecuali usia bayi soale di gawe reko rempah seng sifate panas , di ramu dadi siji sehingga dadi minuman jamu
Pas situasi saiki sik situasi pandemi covid 19 , mangkane warga kudu luweh penting merhatekno kesehatane awak e di situasi wabah virus covid 19 saiki ...

Supoyo tetep jogo kesehatan , aturan potokol kesehatan seng di harusno oleh
dinas kesehatan kudu di panut lan di gawe , ben gak sampek ketular wabah virus covid 19 seng sik mengganas saiki nang ndi ndi ...

Wes yoh dulur ...lego mari ngedhumi warga umbenan kesehatan seng anget sik an ki ...
Mugo mugo warga Kelurahan Gunungsari tetep sehat guyub rukun , ben aman tentrem sak kabehe ....suwon .


              ๐Ÿ‡ฎ๐Ÿ‡ฉ๐Ÿ‡ฎ๐Ÿ‡ฉ๐Ÿ‡ฎ๐Ÿ‡ฉ๐Ÿ‡ฎ๐Ÿ‡ฉ
          Gusar Suroboyo
                    2020

Komentar

Posting Komentar